ngingu iwak gurita
kudu ngguyu eleng si ridho ngomong iwak cupang jarene gurita, cupang iku lek boso tuban dadi gurita huehehe, wes jan eleng jaman ndeso isih ngiler + ngompolan biyen
hoby baru saiki ngingu iwak, ora mergo wektune wes luang, tapi gawe jogo2 rek menowo tiba2 kere dadi ono backup gawean dodolan iwak :))
coba deloklah iwak2ku sing mantep, jenengi : vico, saka, karo boxfile
riwayate tuku iwak iki : vico + boxfile mergo iseng, aslie mesake karo bakul iwak ra rumat dadi tak tuku hehehe padahal rung mesti tak cekel iku krumat :))
si saka, mergo terobsesi nontok web iwak cupang dadi nafsu tuku nang jalan sumenep, regane luweh larang 500 tinimbang 2 lawas
ngerti ra pakan favorite kewan2 iki??? urang rek, aku wae mangan urang jarang…edian iwak mangane ngalahke sing duwe :)) aslie sih tau tak dulang burger (burger king lho) tapi ora ono sing doyan dadi tak pangan dewe
April 8th, 2008 at 11:01 pm
[...] Read original post at http://wahyoo.blogdetik.com/2008/04/08/ngingu-iwak-gurita/ [...]
April 9th, 2008 at 1:23 pm
vico artine merk soko box file
saka artine merk pakan iwak
boxfile artine tulisan box file tanpa spasi
iyo iki terinspirasi soko juragan iwak ndek senayan, cool lho dodolan iwak…cidek banyu soale dadi cool
April 9th, 2008 at 1:26 pm
arep dadi juragan iwak kie ketok-e.
mari soko mama loreng po piye rek ? kok maleh ingon2 barang2 sing biasane nggowo hoki ngono .. :p
asal usul nama kuwi piye ? lapo gak mbok jenengno bejo, paijo, opo katiyo ngono .. lak manteb to .. :p
April 9th, 2008 at 2:33 pm
weh saiki dhadi pengingu iwak sing melegendha
opo meneh iwake iwak chupang
yo weslah , sing sumringah nggeh pak
peacee